Entries Tagged 'Ingsun' ↓
Oktober 1st, 2008 — Ingsun, Refleksi
Sakmbeling-mbelingnya diriku, aku tetap tak bisa untuk tidak lagi kembali ke tanah leluhurku. Momen lebaran, sungguh sangat berkuasa mencegahku untuk terus melangkahkan kaki njajah deso milang kori. Suara-suara wirid dan tilawah akhir ramadhan seakan mengingatkan, kemana aku harus kembali. Suara-suara takbir, selalu menggiringku untuk pulang. Tapi tidak untuk kali ini. Romantisme lebaran di kampung halaman terpaksa harus dikalahkan dengan rasio. Tak mungkin, betul-betul tak mungkin bagi diriku memaksakan mengikuti kehendak hati. Diri telah terkungkung jerat kapitalisme. Terbelenggu hukum penawaran dan permintaan. Di mana isi kantong tak lagi kuasa menjangkau wahana untuk terbang kembali. Di mana konstrain waktu membatasi langkah gerakku.
Maka, kali pertama aku menjalani suasana lebaran di negeri orang. Di rantau, jauh dari hiruk pikuk takbir. Tak ada balal dan ujung. Tak ada trah Kertowiryan, Padmosendjajan atau Selosentanan. Sepi. Sendiri. Malam ini pun sudah terasa. 10 orang mencoba mengalahkan rasa mamring dengan meneriakkan kalimat mengagungkanNya. Tetap saja, suara-suara yang membelah atmosfer sekitar masjid kampus ini, tak mampu menepiskan sepi, sunyi dan kegalauan hati.
Beruntung, masih ada dua bidadari di sampingku. Kalianlah penguat hatiku. Menjalani hari-hari sepi ini. Terimakasih, kekasih hatiku. Kalian telah membantu membimbingku menuju kekasih yang sejati.
Ujung Ramadhan, 4 jam menjelang shalat Ied, Pahang
Berbagi
April 3rd, 2008 — Bingung, Ingsun
Wastra lungset ing sampiran. Sanepan iku kok rumangsaku mathuk yen digathukke karo kahanan awakku. Klambi, yen ora tau diagem, mung dicenthelke nang sampiran, yo dadine mung lungset nganggur. Utek lan ati, yen ora tau diasah, yo ora bakal lantip. Lha sesasi luwih, kok ora nguthak-athik pikir, ora ngolah roso, arep nglekasi nulis wae kok yo aras-arasen. Sajake, perlu meguru marang begawan Ersis, utawa kyaine Sawali, kanggo miwiti urip kang anyar iki.
Niyat ingsun, klambi tak enggo maneh. Lungset, nanging yen amargo dienggo, mesthine luwih prayoga tinimbang lungset mung nang sampiran. Nanging sakdurunge dienggo maneh, ben patut sinawang, lan kepenak dirahabi, klambi perlu dikumbah, dipepe lan disetliko luwih dhisik.
Para kadang, nuwun sewu, nyrantos sekedhap, kulo badhe umbah-umbah rumiyin, sakderengipun sandhangan meniko kulo agem malih. Mugi toya beningipuin lancar, lan mboten kejawahan, ugi listerik mboten pejah, saenggo saget lancar anggen kulo tata-tata mbikak dhasaran malih.
Berbagi
Maret 14th, 2008 — Ingsun
Durung. Isih seneng dadi sukmo nyambrang ….. Sinambi nunggu wangsit nang ngisor uwit….
Berbagi
Februari 19th, 2008 — Ingsun
Yoh, aku wis mati. Mbuh ra weruh kapan urip maneh. Mbok menawa pisan pindho sukmaku nyambrang mrene, sekedar mbuang idu. Yen sampeyan arep ngirim sajen aku, di dokok nang ngisor kene. Ra perlu karo ngobong menyan utawa dupo. Ra perlu nyebar kembang setaman opo lengo kenongo. Iso ugo, sukmaku anglelono nang omah sampeyan. Ninggal tilas, utowo ora, utowo mung saklebatan sasmito.
“Mugo iso ngaso kanthi wening”
Berbagi
Februari 5th, 2008 — Ingsun
Omah anyar. Coro jowone, perlu diangslupi. Untunge aku duwe panemu yen kabeh dino iku becik, dadi ora perlu repot-repot ngetung weton alias neptu, nogo dino, lan sakpanunggalane. Dino iki, Seloso Pon, ora luwih apik utowo luwih olo tinimbang dino liyane. Dadi ora ono olone, yen aku miwiti mangslup (dudu mangnusia sluper lho) ing blog iki.
Matur nuwun kang tanpo upami dhumateng ngarsanipun paman Tyo, ingkang cariyosipun ndoro kakung lelananging jagad, kagungan bondho mas picis rojobrono tumpuk undhung. Temtunipun ugi kagem poro wadyo bolo ingkang sampun kerso ngepyakaken dagdigdug.com, kalebet pakdhe Enda, lan sanes-sanesipun.
Aku ora niyat bedhol deso seko omah lawasku, mung pingin golek sawangan anyar. Mbok menowo lagi aras-arasan nang omah lawas, yo mlayu golek kelangenan nang kene. Mbok menawa iku senine wong poligamiblogi
Nuwun ….
Berbagi