Ngangslupi

Omah anyar. Coro jowone, perlu diangslupi. Untunge aku duwe panemu yen kabeh dino iku becik, dadi ora perlu repot-repot ngetung weton alias neptu, nogo dino, lan sakpanunggalane. Dino iki, Seloso Pon, ora luwih apik utowo luwih olo tinimbang dino liyane. Dadi ora ono olone, yen aku miwiti mangslup (dudu mangnusia sluper lho) ing blog iki.

Matur nuwun kang tanpo upami dhumateng ngarsanipun paman Tyo, ingkang cariyosipun ndoro kakung lelananging jagad, kagungan bondho mas picis rojobrono tumpuk undhung. Temtunipun ugi kagem poro wadyo bolo ingkang sampun kerso ngepyakaken dagdigdug.com, kalebet pakdhe Enda, lan sanes-sanesipun.

Aku ora niyat bedhol deso seko omah lawasku, mung pingin golek sawangan anyar. Mbok menowo lagi aras-arasan nang omah lawas, yo mlayu golek kelangenan nang kene. Mbok menawa iku senine wong poligamiblogi

Nuwun ….

11 comments ↓

#1 edy on 02.05.08 at 11:05 am

lha ternyata sama :D

#2 sawali on 02.05.08 at 11:05 am

wah, nunggu bancakane mas nudee. mbangun omah anyar kok ora diajak melu sambatan. ya wis, moga2 omah anyar mau bisa dadi regeng, akeh tamu sing padha sowan.

#3 emyou on 02.05.08 at 4:48 pm

tok..tok..tok…

kulo nuwun…

#4 sigid on 02.05.08 at 6:01 pm

Kulo nuwun ….

Waduh, pak De
Dangu mboten mampir jebul malah pindahan omah to :-)
Kenduren-kenduren yuk ….

#5 cK on 02.07.08 at 1:26 am

waduh…ndak mudeng. ndak bisa boso jawa. ngeteh aja deh.. :lol:

#6 gituchka on 02.08.08 at 11:46 am

aku yo nduwe :P

#7 maruria on 02.09.08 at 4:04 pm

Mampir aahh… :)

#8 maruria on 02.09.08 at 4:05 pm

lho ko komenku ga mlebu? :((

#9 jojo on 02.10.08 at 8:46 pm

Wah…kudune “kenduren” nek pindahan omah iku…. hehehe

#10 Iman Brotoseno on 03.12.08 at 4:52 pm

Enda ngerti nggak ya bahasa jawa ???

#11 arifr on 04.03.08 at 10:18 pm

wah, slup2ane kapan?

Leave a Comment